Pranatacara

Materi Pranatacara

mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana uoacara pasamuan,tematen,lan salanunggale. Basa sing dienggo pranatacara gamantung kari upacarane.
Pranatacara ,yaiku paraga kang nduwenu jejubahan nglantarake titilaksana ing acara.

A. Maca lan Naggapi Teks Pranatacara

Assalamu alikum Wr. Wb.

Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:
  1. Adicoro Pambuka
  2. Atur pambagyo pinongko 
  3. atur pasrah pinampi
  4. Istirahatwedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
  5. Doa-Penutup
Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah--------Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.


Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

B. Mbedhah Kaidah Pranatacara
    Urut-urutane teks pranatacara:
  1. Salam pambuka.
  2. Atur pamuji.
  3. Atur kesugengan,kairing atur panuwun.
  4. Wedgaring gati.
  5. Atur nyuwun pangapura.
  6. Panutup.
  7. Salam panutup.

C. Maca Teks Pranatacara.
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerti,kudu nggatekake babagan ngisor iki.
  1. Pangucaoane kang trep
  2. Pamedhote ukara kang trep
  3. Intonasine,nada,lan tekanan kang trep
  4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
  5. Swara kang cetha
  6. Ngatur alon lan cepete pamaca
  7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
  8. Mahami wacan
  9. Pracaya marang dhiri pribadi


D. Kawruh Kagunan Basa
Tembung Yogyaswara
Tembung yogyaswara ,yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha,dinggo bebarengan,lan nduweni teges lanang-wadon.
Contone:
  Bathara-bathari
  Kedhana -kedhini
 Hapsara-hapsari

E. Tembung Entar
Entar tegese silihan,yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah tegese kiyas)
Contone:
Gedhe endhase=gumedhe
Kethul pikirane=bodho

F. Rura Basa
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrag. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah,amarga ora ketemu nalar. Rura basa ikang salah, ning wiskabacut lumrah.
Contone:
Godhong wedang
Nguleg sambel

G. Payandra
Pangandra asale saka tembung candra,kang duwe teges wetunan kaanan wewejudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandran iku gegambaraning kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra menggah kabergasaning badan.
Contone:
Rambute ngombak banyu
Ndirine mucuk eri
 Alise nanggal sapisan

H. Pepindhan
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kakarepan karo kaya,dadi,kadyan,lir,pendah
Contone:
Lakune kaya macan luwe
Rukun kaya mimi lan mintuna
Suwarane kaya bledheg

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerita Rakyat

Geguritan

Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa