Geguritan

Geguritan

iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang ngurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kanb biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane     Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ngisor iki.
  • Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
  • Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tanda ngaso(/) utawa sigeg(//).
  • Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  • Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  • Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
    Menawa cara-cara kasebut sampun dilakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan.

Tuladhane : 


Apa Bedane

Dening Sudi Yatmono

apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo seng dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan    Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kanh nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan 

  • Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale 
  • Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik 
  • Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
  • Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale  
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerita Rakyat

Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa