Cerita Rakyat
A. Crita Rakyat
Crita Rakyat yaiku kang diceritake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita Rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute . Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita Rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumanthok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo kata laku antaraning manungsa nduweni sapdha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakat.
- Titik Crita Rakyat
- Panyebarane kanthi lesan
- Duweni sipat tradhisional
- Sugih cakrik lan variasi
- Jenenge pangriptane ora konangan (anomi yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
- Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
- Mupangate Crita Rakyat yaiku :
- Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menuhi hiburan.
- Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
- Mupangat estetis yaiku menuhi nilai-nilai kaendahan.
- Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
- Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo parang kang maca.
- Unsur Crita Rakyat
- Tema ayaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
- latara (setting) yaiku latar bealakang kan mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
- Paraga yaiku paraga ing sajroning crita.Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindhak, ciri isike, lingkungane, lan sapanunggale.
- Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
- Amanat yaiku pesan kang ana ing crita.
- Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale. Konflik yaiku perkara kang dadi penjere crita.
- Wujudte Crita Rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segera utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
2. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita baru klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
3. Dongeng
Dogeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
B. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadeni prastawa
c. Alur : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI
SMA/SMK/MA
Saap saap
BalasHapus👍
BalasHapusBagus,👍
BalasHapusSae mas👍 mugi bermanfaat
BalasHapusBagus tingkatkan bakatmu 👍
BalasHapus👍
BalasHapus