Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2020

Pranatacara

Gambar
Materi Pranatacara mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana uoacara pasamuan,tematen,lan salanunggale. Basa sing dienggo pranatacara gamantung kari upacarane. Pranatacara ,yaiku paraga kang nduwenu jejubahan nglantarake titilaksana ing acara. A. Maca lan Naggapi Teks Pranatacara Assalamu alikum Wr. Wb. Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan. Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan. Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten ....... ingkang tansah suko basuki. Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin. Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing s...

Geguritan

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang ngurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kanb biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ngisor iki. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tanda ngaso(/) utawa sigeg(//). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.     Menawa cara-cara kasebut sampun dilakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Tuladhane :  Apa Be...

Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa

Gambar
Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa Grebeg Besar  iku acara tradhisi ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijjah. Acara iki digelar kanggo mapag bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang direkadaya kanggo ngramekake sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijjah. Bab mengkono iku pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep dilestarekake kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradhisi Grebeg Besar iki tinggalane Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis cinathet ing sejarah minangka wali kang nyebarake agama Islam kanthi nggunakake adat lan tradhisi kang wis ana ing tlatah Demak. A.   Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani budaya jawa Teks eksposisi  iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite teks eksposisi didhasari karep ngukuhi panemu utawa usule kanthi pawadane/alesan...

Cerita Rakyat

A. Crita Rakyat                Crita Rakyat yaiku kang diceritake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita Rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute . Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita Rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.     Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumanthok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tu...

Teks Iklan

Teks Iklan   Pangerten Teks Iklan        Teks Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku barang kang di tawakke.Lumantar medhiane teks iklan iku kagolong dadi loro yaiku Iklan tulis lan Iklan lisan.Iklan tulis yaiku iklan kang awujud kaya pamflet,poster,baliho,lan liya-liyane nalika Iklan lisan iku iklan ing nggunakake media elektronik kaya TV lan Radio.  Unsur- Unsur Teks Iklan        1.Jeneng barang utawa jasa kang                        ditawakke.            2.Pihak utawa pawongan kang                             masang.           3.Alamate sing masang.           4.Kahanan sarta manfaat barang...